Cerita Kancil dan Bulus Dengan Bahasa Jawa

Cerita Kancil dan Bulus Dengan Bahasa Jawa
Cerita Kancil dan Bulus

Ana bulus celathu marang kancil, tembunge : " aku ora maido, yen kowe pinunjul ing playu, anaging ayo, padha balapan, sapa kang ndhisiki tekan wekasaning ara-,ara iki."

Tembung mangkono iku miturut si kancil padhane angecenong, ewadene pangajake mau dirasa aneh, mulane dituruti

Bulus enggal mawit lumayu, kancil ngenakake ddhedhe ciptane : " si gumremet kareben mempis-mempis, aku wus mesthi ora rekasa bisa nujul, aku mencolot ping telu uutawa ping pat bae, wus tamtu bisa nglancangi kewan nglemer kuwi."

Nukala samana bulus arep tekan ing wates. Kancil esih enak-enak taun, bareng tumandang arep nujul, weruh yen arep telat awit marga sembranatu, ewadene isih anduweni pangarep-ngarep menang sarana cukating lumpate

Enggal mlayu rikat prasasat angin, ananging tanpa gawe, awit bulus wus ndhisiki tekan wekasaning ara-ara dadi kancil kalah

Pitutur luhur saka crita iki mangkene : wong iku sanajan pinter, elingna, las titis ing ciptane yen ora trengginas ing samubarang gawe, mesthi kedhisikan ing liyan.

0 Response to "Cerita Kancil dan Bulus Dengan Bahasa Jawa"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel