Profile Puntadewa

Profile Puntadewa
Profile Prabu Puntadewa
Prabu Puntadewa iku ratu ing Ngamarta. Putrane Pandhu Dewanata lan ibune Dewi Kunthi. Garwane Puntadewa aran Dewi Drupadi. Peputra Raden Pancawala. Puntadewa nggadahi watak jujur, ora tau nesu, lembah manah, lan seneng ngalah. Puntadewa kagungan getih putih utawa diarani ludira seta lan jiwa suci

Puntadewa kuwi pembarepe Pandhawa, kagungan kesakten kang linuwih. Puntadewa due pusaka kang ampuh aran jamus kalimasada. Pusaka mau wujud kitab kang bisa nguripake wong sing wis mati

Prabu Puntadewa asmane akeh ana sing nyebut Yudhistira, Gunatalikrama utawa Prabu Darmakusuma. Sakjtone dadi raja, Prabu Puntadewa tansah tumindak adil lan ngutamakake kepentingane rakyat lan ora sewenang-wenang. Mula negarane gemah ripah loh jinawi


0 Response to "Profile Puntadewa"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel